UPACARA ADAT JAWA

PENINGSETAN
• Yaiku saking tembung singset, artosipunnangsuli erat, lebet hal niki kedadosanipun komitmen badhe setunggal kawinan antawis putra putri kaping kalih pihak uga para tiyang sepuh panganten badhe dados besan
Uba rampe peningsetan
1. Rerenggan pelik – pelik : gelang, kalung, suweng, lan sapanunggalanipun.
Maknanipun : Putra kakung tansah badhe ngudi dumoroting garwa, boten badhe tumindak ingkang saged ndadosaken kuceming garwa, satemah saged tepa palupining brayat.
2. Kalpika ingkang kawadhahan ing kandhaga alit.
Limrahipun wujud pethi utawi kreta alit ingkangsinepuh perak utawi kemasan. Kalpika utawi seser wujudipun ali – ali bunder gilig boten sigar penjalin ingkang mawi pedhotan. Maknanipun tresnanipun ingkang badhe gesang tembayatan boten wonten telasipun, saking awal dumugi akhiripun , saking donya dumugi delahan.
3. Jadah,  wajik, jenang lan sapanunggalanipun.
Maknanipun : Wos ketan menawi taksih wujud las – lasan taksih kemepyur, nanging menawi sampun kaolah dados jadah, wajik, lan sapanunggalaipun luluh dados satunggal, loro – loroning atunggal. Nadyan wujud jalu wanita saged saeka kapti ing pakarti, saeka praya ing sedya. Lapis warni abrit  lan pethak punika minangka pralambang manunggaling rah lan sum – suming kakung putri. Rah saha sumsum punika boten saged kapisahaken. Pisah kekalihipun ateges sirna. Kados sedyanipun risang calon penganten ingkang pepacangan, boten wonten ingkang kuwawi misahaken kekalihipun kajawi oncating nyawas aking raga.
4. Woh – wohan :jeram, manggis, nanas, salak, lan sapanunggalanipun.
Maknaipun : Mugi tresnanipun kakung putri punika saged mujudaken who ingkang sejati tumuju ing ancas ingkang sinedya nuninggih palakrama.
5. Suruh ayu lan gedhang ayu.
Maknaipun : Suruh pindha lumah lan kurepe, nadyan beda rupane  nanging tunggal rasane. Sanadyan mijil tanapi wanita, menawi sampun manunggaling rasa cipta, rasa miwah karsanipun, keklihipun badhe saged saekapraya ing sedya, saeka kapti ing pakarti. Sedaya wau namung awit saking tempuk ing rasa tresna lan asih. Pisang limrahipun pisang raja, amrih kakung putri tumindakipun pinindha raja ingkang  sarwa – sarwi  tanggel jawab.
ASOK TUKUN
• Saking artos harfiahipun, asok tegesipun “menehi”, tukon tegesipun “tuku”.
• Yaiku prosesi dene calon pengantin kakung nyaosaken arta kagem keluarga penganten putri. Maknanipun wujud pakurmatan lan atur maturnuwun saking calon penganten kakung kagem wongtuwanipun penganten putri awit sampun ngrestoni mantenan menika.
• 
UBA RAMPE
1. Sanggan ( emas, intan & berlian )
Ateges : supaya pinangaten putri tansah bersinar lan ora kuciwa.
2. Busana satunggal pengadeg kagem calon manten
Ateges : pasangan manten kedah saged nyimpen rahasia keluarga marang wong liya.
3. Putritindhih ( arta kathah sekedhikipun sumangga )
Ateges : Salah satunggaling wujud pambiyantu ekonomi  keluarga pinanganten kakung dening pinanganten putri.
4. Oleh-oleh wujudipun dhaharan saking ketan, pangajab bilih penganten lan besan menika anggenipun paseduluran saged rumaket pliket kados ketan.
5. Yen Eyangipun tasih sugeng, dipun kantheni nyaosi selembar kai batik  (pesing).
TATA CARA
• Asok tukon menika saged dipunlaksanaaken wonten ing wekdal midodareni utawa saksampuipu lamara sakderengipun akad nikah. Kaluwarga pinanganten kakung masrahaken pinanganten kakung sarta tukon ingkang badhe dipunpasrahaken.
• Menawi benjang calon pinanganten putri batalaken acara pawiwahan, pihak pinanganten putri kedhah ngundhuraken asok tukon kanthi wilangan tikel pindhonipun. Ananging menawi calon pinanganten kakung ingkang batalaken samangke asok tukon ingkang dipunserahaken boten pareng kasuwun malih.
SIRAMAN
Siraman iku salah siwijiné rantaman ing upacara pengantenan.
Acara siraman iku upacara pralambang kanggo ngresikaké jiwa calon pengantèn. Upacara iki dianakaké sadina sadurungé ijab kabul ing omahé calon mantèn. Padatan mapan ing pérangan omah sing rada kabuka kaya ing plataran mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisanan lumrahé wong tuwa calon mantèn, banjur diterusaké déning para sadulur liyané, lan uga pemaès nganti gunggung pitu.
UBA RAMPE
¢ Wadhah banyu saka bahan tembaga utawa perunggu
¢ Banyu sing kanggo nyiram (diarani toya perwitasari)sing kajupuk saka 7 sumber
¢ Kembang setaman sing dumadi saka kembang mawar, kembang mlathi, kembang kantil (kembang cempaka utawa kembang gadhing) lan kembang kenanga
¢ Wedhak teles limang warna kanggo sabunan
¢ Shampo tradhisional saka awu merang
¢ Duduh klapa
¢ Banyu peresan jeruk
¢ Klapa loro sing ditalèni dadi siji
¢ Kursi cilik sing dibungkus nganggo klasa amoh
¢ Kain putih
¢ Godhong dlingo-benglé
¢ Kain bangun tulak patang pola kanggo nglawan hawa sing ala
¢ Kain tenun lurik pola yuyu sekandhang lan pola watu
¢ Kain batik motif grompol lan nagasari
¢ Andhuk
¢ Kendhi
¢ Gayung (siwur).
RANTAMAN
Rantaman ing upacara siraman, ya iku:
1. Masang Bleketepe lan Tuwuhan duwé ancas minangka kanggongèyupi papan kanggo mantu. Sing masang bleketepe ya iku wong tuwa saka pengantèn putri kanggo pralambang gotong royong wong tuwa kekalih kang dadi pangayom ing kulawarga. Déné tetuwuhan sing dipasang, yaiku:
Cengkir gadhing, gedhang ratusawité, tebu wulung, ron alang-alang, ron kluwih, ron apa-apa, wulen pantun, lan ron waringin. Tetuwuhan iku kanggo pralambang pengarepan supaya pengantèn kekalih énggal éntuk momongan.
2. Ngirim Toya Perwitasari menyang Calon Pengantèn Priya ya iku sawisé toya 7 sumber dicampur karo kembang setaman, dijupuk sethithik banjur dikirim menyang omahè calon pengantèn priya. Sing ngirimaké ya iku wakil saka kulawarga sing diarani duta saraya.
3. Sungkeman Sadurungé siraman, calon pengantèn sungkem marang wong tuwa kanggo njaluk pangapura lan pangèstu anggoné arép yasa abaléwisma.
4. Dedonga
5. Siraman Sing nyiram sepisanan ya iku bapak calon pengantèn banjur ibu pengantèn lan diterusaké para pinisepuh uga kalebu juru paès. Sawisé iku, banjur calon pengantèn wudlu nganggo banyu sing dipancuraké saka kendhi déning bapak calon pengantèn.
6. Pagas Rikma Sawisé siraman banjur diterusaké upacara pagas rikma utawa potong rambut. Potongan rikma saka pengantèn kekalih banjur didadekaké siji banjur ditanem ing upacara tanem rikma.
7. Dodol Dhawet Tatacara ing siraman iku nganggo dodol dhawèt. Iki duwé pralambang lan pangajab supaya ing upacara dhaupé penganten suasanané bisa rengèng. Sing dodol dhawet Ibuné penganten putri, déné bapaké mayungi ibuné, karo nyeyuwun ing ngarsané Gusti Kang Maha Agung, muga-muga uripé calon pengantèn bisa sesrawungan karo liya lan seneng dèdana. Sing nukoni dhawet ya iku para tamu lan dhuwit kanggo tuku nganggo dhuwit krèwèng/wingko (pecahan gendhèng). Werdiné (tujuané) dodolan dhawet ya iku: wong omah-omah iku lanang wadon nggayuh jejegé balé wisma (balé omah), supaya tandhan padha-padha marem ing ati (ayem, tentrem). Werdiné dhawet iku arum lan enak rasané, lan bisa ngresiki ganda sawisé dhahar, mula tatacara ngombé dhawet iku tiba tatacara kang keri dhèwe. Kamangka, werdiné dhuwit krèwèng iku saka lemah, amarga manungsa iku asalé ya saka lemah kang lantaran bapa biyungé, asalé saka Allah.
8. Potong Tumpeng Kamulyan Bapak saka pengantèn putri motong tumpeng kamulyan banjur diwènèhaké ibu banjur didulangaké pengantèn putri.
9. Dulangan Pengantèn putri lenggah kaapit bapak ibu banjur didulang.
10. Kembul Bujana Andrawina Para tamu dhahar sesarengan.

PANGGIH
a. Upacara sangajenging tarub
Purwakaning upacara: manten kakung lan pangombyong yen dumugi ngajeng tarub kendel, lumarape sanggan ingkang dipun aturaken rama-ibu manten putri, kang werdinipun; atur wuninga bilih manten kakung sampun rawuh, mila nyuwun palilah enggal kersa manggihaken  putranipun putri. Yen sanggan sampun katampi, tumuli penganten putri kaboyong medal, dipun purwakani medalipun kembar mayang. Dene padatan kembar mayang kasenggolaken penganten kakung nembe kembar mayang dipun bucal, werdinipun mbucal sesukeripun saha paring pambiwara, yen wanci punika wonten manten .
Balang-balang suruh / sadak: ( manten putri  3, kakung 4 ) yen sampun sami aben ajeng ( 2-3 m) lajeng sami balang-balangan. Werdinipun mengku pralambang anggenipun sami kapang (kesusu weruh)
Wijikan, Manten putri mijiki maten kakung wonten ranupada, kanthi ngguyur toya sritaman 3 X.  Werdinipun dados tanda anggenipun nucekaken  Kakungipun, awit badhe mlebet / ngadani upacara ingkang langkung wigati utawi suci, ugi saged dipun wastani tanda tresnanipun ingkang putri.
Mecah tigan ayam: Salajengipun manten jumeneng aben ajeng, tumuli Nyi Sembaga mundut tigan kathuthukan larapan maten kekalih, tumuli tigan kapecah / kabanting. Werdinipun dados tandha anggenipun pecah pikiranipun badhe manunggal, lan sageda saged numusi wiji dadi. Salajengipun penganten kekalih kaboyong mlebet
SAKLEBETING DALEM
1)     Tampa kaya; Manten Kakung maringi guna kaya manten putri, Werdinipun kakung maringi guna kaya kang kasuntak kanthi tuntas kagem sisihanipun kang dipun tresnani, mila lajeng dipun bundheli, nanging tumusing manah tasih dereng pitados, mila lajeng katitipaken Ibunipun.
2)  Dhahar klimah: Kakungipun mundut sekul kakepel 3X, kaparingaken ing lancaran kang kaasta manten putri, lajeng kadhahar sisihanipun piyambak, kang kakung namung mirsani kanthi mesem… bingah. Lajeng sami wijik, lan ngujuk sesarengan.
3)     Sungkeman, yen besan badhe rawuh, prayogi dipun papak, yen sampun lenggah nembe sungkeman. Sepisanan sungkem tiyang sepuhipun putri, lajeng sungkem tiyang sepuhipun kakung ( besan)

SEMOGA BERMANFAAT.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Resensi Buku Kurikulum dan Pembelajaran

KLASIFIKASI HEWAN